Selasa, 19 Oktober 2010

Lintang Cilik

Ing wayah wengi lintang cilik ujar-ujar

"Aku ming saembo lintang cilik
Kang ra duwe cahyo kang agung
Ora kados srengenge kang suminar
Lan ra kinados rembulan ing wayah wengi

Aku lintang cilik, kelipku cilik,
kang ra kabeh wong iso mirsani aku,
Kelipku ming katon ing ati kang wengi
Kelipku ming nylamurake ati kang sepi

Dumadakan ing wayah enjing
Srengenge semburat kuning ngadusi ndonya kang dadi anget
Dene mripat jalma ora bisa pirsa mring kelipku
Kablereng ing srengenge..
Jalma lali mring kelipku

Dene yen wayah ndalu padang wulan dadari
Jalma kang kanda "endah e wulan kang putih perak"
Ngelem cahyaning wulan dadari kang putih
Jalma lali marang kelipku

Ananging janjiku kang pinesti
Aku tetep nang kene
Kanggo ati kang sepi
Kanggo petenging kalbu
Aku tetep nang kene,
Yen wayah wengi mruput ing padonyan
Aku tetep nang kene..
Ngancani jalma..
Nganggo kelipku kang ra sepiro

"

28 komentar:

  1. ra sah terkesima tante..
    Iki omongane wong ra genah ing masa kepungkur..
    Omongane wong kang sesuk yo bakal mati dadi lemah..
    Mulih ing sangkan paraning dumadi..
    Ing Gusti Kang Murbeng Dumadi

    BalasHapus
  2. tak arani yen terkesima opo hahahahaa

    *maksudku tak pikir arep OOT

    BalasHapus
  3. sopo ki sing duwe FF,, ngalih wae yuk

    BalasHapus
  4. FF saut-sautan koyo nggon kang tampah wingi kae mas? hihihi...

    BalasHapus
  5. baru hari ini keknya mas bagus? kok wis wingi

    BalasHapus
  6. ho oh
    nggawe kono ben aku ra kesepian hahahah

    BalasHapus
  7. wingi iyo kok, wingi nandi ? tidur?

    BalasHapus
  8. moh.. kesel.. kui juragan e FF malah bengok roaming

    BalasHapus
  9. jiannnn hweibat jebule ....... sak kehing kabisan dimamah ...... heheheheh

    BalasHapus
  10. nuwun pangapunten mbah, meniko kulo nembe dipun ukum kalian pak guru dipun purih ndamel deklamasi ngangge boso jawi alus, lha kulo malah dipun seblek-i garisan gepeng teras je

    BalasHapus
  11. angel lho nggolek piyayi sing all round ngono kuwi ......... pengin melu-melu kok ra isoh ya :(

    BalasHapus
  12. lha padahal blog e njenengan yo isine ngono je..
    *wangsinawang sambi lari :))

    BalasHapus
  13. lha nek aku ki ra ming mak plekenik wong seneng kroncong njuk uwis ............. wkekekekek *ngeles*

    BalasHapus
  14. Nanging kang, sajatine *jujur* meri ing blog njenengan sing wis mulai nguri-uri kabudayan Jawi kang sabenere.. ketoke arep tak gawe ngono wae po yo nggonaku

    BalasHapus
  15. aja .... tiwas ra disaba nguwong ....... wkekekekek, durung ndhak ndadak nerjemahke barang yen ana wong ra ngerti .........

    BalasHapus
  16. gawe 3 versi : indonesia , inggris, jowo hahahahah

    BalasHapus
  17. hahahahahah ...... apik .... apik ...... apik kuwi

    BalasHapus
  18. wah jan sing jenenge koneksine marai njelei tenan , replyne dadi ke post sing asline

    BalasHapus