Kamis, 29 Maret 2012

[Sebuah Repost] Aja Dumeh

Petikan sebuah lagu karangan entah siapa yang sering dimainkan oleh pengamen bis, terutama antara Magelang - Jogja - Semarang - Wonosobo, kayaknya bagus untuk diposting hari Jumat seperti ini


Duh manungsa, padha elinga
Manungsa kui bakal e mati
Ditangisi sanak famili
nang njero lemah anane wedi

Reff:
Nang akherat ora ana soto babat
Nang akherat ora ana rokok ardat
nang akherat ora ana rondo liiwat
sing anane mung siksane malaekat

aja dumeh saiki dadi wong bagus
Tumindakmu banjur gemagus
Elingana yen kowe uwis kempus
Ambune prengus ngungkuli wedhus

aja dumeh saiki dadi wong ayu
tumindakmu banjur kemayu
Elingana yen manjing keplayu
Pipimu kempot untune mlayu


Terjemahan:

Hai manusia , ingatlah
Manusia itu kelak pasti mati
Ditangisi sanak famili
Di dalam tanah hanya ada rasa takut

Di akherat tidak ada soto babat
Di akherat tidak ada rokok ardat
Di akherat tidak ada janda lewat
Yang ada, siksa malaikat

Jangan mentang-mentang sekarang jadi orang tampan dan perlente
Tindakan lantas sok-sokan
Ingatlah jika telah meninggal
Baunya busuk melebihi kambing

Jangan mentang-mentang sekarang jadi orang cantik
Tindakan lantas sok-sokan
Ingatlah jika menjelang meninggal
Pipi kempot gigi pada lari

31 komentar:

  1. akeh mbang lagu lagu nang ndalanan sing filosofine jane apik, tapi anonim ra ana sing gawe...

    Nek jaman demo 98 mestine padha ngerti lagu Darah Juang, kui ya ra jelas sing gawe.. nek jaman saiki ya sing ra jelas Iwak Peyek hahahaha... asline metu seka supporter persebaya

    BalasHapus
  2. Ketoke sing nyanyi kui-kui wae wonge. Aku tahu reti 2 kali pas naek bus Solo-Jogja, Jogja-Solo ketemu maning sing ngamen. Nyanyine yo kui.. Wkwkwk

    BalasHapus
  3. Jane ana meneh sing lucu mas, sing ngene :

    "Sing maringi tak dongakke slamet, sing mboten maringi tak dongakke slamet, sing thok-ethok turu tak dongakke slamet, ning sithik mawon"

    BalasHapus
  4. wah dalem nih....
    nancep bener liriknya

    BalasHapus
  5. kadang kadang suara pengamen juga lebih bijak daripada tindakan orang orang pinter :D

    BalasHapus
  6. aku krungu lagu iki pas seko surabaya-jombang. numpak sumber kencono meneh.. (lengkap serem-me)

    BalasHapus
  7. langsung penumpange istighfar kabeh kui :D

    BalasHapus
  8. jangan mentang mentang jadi pengamen juga ya bupeb

    BalasHapus
  9. ga siy, aku ra dumeh, lah emang dah cakep koq *disambit*

    BalasHapus
  10. eh bukan, maksudnya itu lagu pengamen lho, jadi jangan dumeh ngamen terus minta uang gitu...

    BalasHapus
  11. dadi kelingan lagune sagita. . .

    BalasHapus
  12. OM dari nganjuk. . Terkenal neng jatim. . Populer dg 'asololey' kae lho kang. . .

    Sik mirip iki lagu 'ngamen 2'
    tp lirik'e beda. .

    BalasHapus
  13. haduw... asolole ki jane artine apa ya sik tak googling :D

    BalasHapus
  14. sik mirip lirik'e bagian ini :

    eling2 manungso bakale mati
    yen wes mati dikubur sanak famili
    dipendem jero diapit bumi

    ono kubur iku akeh pandoso
    ulo klabang kalajengking podo moro
    ono setan membo2 dadi prawan
    ben no krasan ono kuburan

    neng akhirat ora ono motor liwat
    neng akhirat ora ono sego berkat
    neng akhirat ora ono meja bilyard
    ono ne gadane malaikat. . .


    *pegel leh nulis http://liriklaguindonesia.net/eny-sagita-ngamen-2-asolole-ichik-ichik.htm

    BalasHapus
  15. nek jare om bambang asololey ki 'assalamu'alaikum lonte lebay'
    hahaha. . .

    Tp kayak'e ungkapan tnpa arti

    BalasHapus
  16. kui tahun pira ya? lagu ngamen iki aku krungu sejak 96

    BalasHapus
  17. kangen jamane ngebis solo-jogja..

    BalasHapus
  18. Sri Mulyo, Dahlia Indah, Langsung Jaya, apa maning?

    BalasHapus
  19. ha..ha....malah apal Bim..wkwkwkwk ....nek langgananku malah bis suroboyoan Eka, Mira, sumber kencono...sing gak mandek2 nang ndalan...

    BalasHapus
  20. iya, soale nek nganti mandeg digebuki sopir jogja solo :D

    sering ngalami ana gelutan bis

    BalasHapus
  21. sing terakhir kayane kasus nang kartosuro kae bar kuwi nang terminal tirtonadi juga dipisah tempat keberangkatane nanggon arah semarang. tapi tetep wae penumpange do mlayu rono, terus di pindah nanggon arah pati/purwodadi kasus maneh, bar kuwi terakhir nek pengin munggah bis suroboyoan yo nanggon tempat ngedunke penumpang .....

    BalasHapus
  22. aq krungunge yo sejak pindah jombang taon wingi kang. . .

    BalasHapus
  23. weleh2..... semua serba ada lagunya skrg

    BalasHapus
  24. asololey iku seka boso asshole... alias..,,,,ssssssil.............��

    BalasHapus