Rabu, 06 April 2011

Pitutur Sedulur :: Nata Awake Dewe

Sembari refreshing akibat frekuensi deadline yang makin diluar kebiasaan..saya mencoba main ke salah satu rekan lama, dan disana terdapat pak de nya yang sedang nglaras, merasakan rokoknya..

Saya : Sugeng ndalu Wa, kadose nglarase sekeco sanget
Siwo  : Iya iki, yo mumpung ono wektu kanggo ngrasakke gandem-e wengi

Saya : Lha boten nglembur nopo? Biasane riyin yen kulo mriki mesti lembur
Siwo  : Ora lah mas, wong ya kui rak nek mbiyen.. saiki wis beda, ana titi wancine. Kui mbiyen jaman aku dadi buruh gede..

Saya : Lha sakmenika nopo aktivitasipun wo?
Siwo : Saiki aku nata lele, karo noto awake dewe..

Saya : Lha leh jagi ndalu perusahaan riyin?
Siwo : Ah, ora mas.. Lha nek ming arep diapusi ki ra usah kudu urip nang kana

Saya : Diapusi priput to wo?
Siwo : Ora.. aku wae sing bodho nganti kapusan hahahaha.. Mulane mas, tak kandani, nek arep noto awake dewe, sing tegas.. Jo koyo aku ngene

Saya : Nggih wa, kulo nggih riyin milih medal damelan, lan sak menika kongsi piyambak
Siwo : Yo aku wis ngerti.. Kantormu sing nang condong kae to?? sukur nek wis iso.. ning kowe iso kendali, opo kowe sing ditumpaki?? Aku ra ngandel nek ruh pasuryanmu


Tidak ada komentar:

Posting Komentar